Senin, 21 Maret 2016

Ayo sinau Aksara Jawa


Aksara Nūsāntara kuwi ora namung aksara carakan Jawa

Ana Aksara Bali, Kawi, Batak, Rejang, Lontara, Nglegena Sunda, lan liya - liyané
Ana ing kéné, awaké dhéwé sinau bebarengan maca lan nulis aksara Jawa lan aksara nusantara.

Ana ing kéné, uga sinau piwulang filosofi kawruh Jawa.
Ana akèh banget paédahé mangertèni aksara nusantara iki. :
1. Kanggo sesrawungan kekadangan
2. Memetri kabudayan para pepundhèn sepuh
3. Kanggo terapi lan kabagaswarasan
4. Kanggo mangertèni rajahing manungsa kang rinemit sajroning sastra cetha
5. Kanggo mbukak wewadining urip bebrayan
6. Kanggo mangertèni sangkan paraning dumadi
7. Kanggo maneges ngupadi mring sang Guru Sejatining urip, kanggo sangu ing ndonya lan akhérat
8. Lan sapanunggalané
Mangga, padha anggoné sinau bebarengan.
Ngaku wong Jawa, kudu bisa mangertèni Kawruh Jawa, kreatif, ananging yèn durung bisa mangertèni maca tulis aksara nūsāntara, lan mangertèni kawruh kasampurnaning urip, urip kang sampurna
Ateges durung dadi wong JAWA....

Minggu, 20 Maret 2016

PUNAPA KITA SEDAYA TAKSIH PERLU NGLAMPAHI TARAKBRATA?

PUNAPA KITA SEDAYA TAKSIH PERLU NGLAMPAHI TARAKBRATA?
Panjenengan sedaya mboten kedah nglapahi tarakbrata, tapa angulandara mbok bilih sampun saget ngregempunapa ta maknanipun lampah tirakat niku sedaya.
1. Panjenengan mboten kedah TAPA NGELI menawi panjenengan sampun estu saget gesang PASRAH SUMARAH marang pangwasaning gusti kanthi lahir lan bathin. Awit estunipun tapa ngeli (ngetutaken ilining toya) menika minangka nggladi jiwa lan raga supados saget masrahaken lelampahaning gesang namung dhumateng ingkang kuwaos. Mila tiyang tapa ngleli mboten suwala badhe dipun beta dhateng pundi mawon dening toyanipun bengawan.

Selasa, 15 Maret 2016

Makna Lambang Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat


Makna Secara Mendalam lambang Keraton Yogyakarta
LAR utawa swiwine peksi garuda kang megar, minangka gegambaran agung lan wibawane praja sarta sang nata. Swiwi garuda megar, sanggite keagungan sarta kawibawane karaton –dalem sarta salira –dalem. Kanthi madhep, manteb, teteg, sawiji, greged, sengguh ora mingkuh anggone gasata pusering nagari-dalem, cihnane panentrem, pangayem, pangayom.
Artinya :
Sayap burung Garuda yang mengepak lebar menggambarkan keagungan dan kewibawaan keraton (sebagai lembaga eksekutif, ) yang tegas, mantap, kuat, total , dinamis, optimis dan pantang menyerah, dalam membawa kemakmuran / kesejahteraan Negara- rakyat, sebuah sifat wajib seorang pemimpin, dan penentram, pelindung.