Minggu, 20 Maret 2016

PUNAPA KITA SEDAYA TAKSIH PERLU NGLAMPAHI TARAKBRATA?

PUNAPA KITA SEDAYA TAKSIH PERLU NGLAMPAHI TARAKBRATA?
Panjenengan sedaya mboten kedah nglapahi tarakbrata, tapa angulandara mbok bilih sampun saget ngregempunapa ta maknanipun lampah tirakat niku sedaya.
1. Panjenengan mboten kedah TAPA NGELI menawi panjenengan sampun estu saget gesang PASRAH SUMARAH marang pangwasaning gusti kanthi lahir lan bathin. Awit estunipun tapa ngeli (ngetutaken ilining toya) menika minangka nggladi jiwa lan raga supados saget masrahaken lelampahaning gesang namung dhumateng ingkang kuwaos. Mila tiyang tapa ngleli mboten suwala badhe dipun beta dhateng pundi mawon dening toyanipun bengawan.

2. Panjenengan mboten perlu malih PASA/TAPA NGEPEL, namung nedha sega sekepel sedinten sedalu, menawi panjenengan sampun saget ngendaleni WATAK RAKUS ingkang wonten ing jia lan pikiran panjenengan, awit estunipun tapa ngepel niki kados dene latihan kagem ngleremaken napsu supados mboten rakus, mila nadyan gadhah pangan lan bandha kathah tetep panjenengan namung angsal nedha setunggal kepel kemawon.
3. Panjenengan mboten perlu TAPA MBISU, menawi saestu panjenengan sampun saget sesuci ngresiki kalbu saking WATAK UMUK, pingin pamer, dahwen ati open, demen alok, demen nyendu liyan, demen pitenah lan ngina marang liyan. Estunipun tapa mbisu menika ngladi diri supados ngicali wewatak mboten sae niku sedaya.
4. Panjenengan mboten perlu malih TAPA KUNGKUM menawi panjenengan sampun kagadhuhan WATAK SABAR NARIMA, awit tapa kungkum, menika nggladi bathin supados sabar lan prawira nampi menapa mawon ingkang kadadosan wonten sadalemipun gesang. Nalika pasa kungkum panjenengan kedah sabar tatkala wonten napa mawon ingkang nyaketi panjenengan wonten ing lepen kadosta sangkrah, bangke, telek kewan, telek tiyang, ugi kedah sabar tawakal natkala dipun ganggu sato kewan kados nyamuk, sawer, ulam, napa mawon.
5. Panjenengan mboten malih kedah TAPA NGALONG menawi sampeyan sampun saget mesu budi ngolah puji dikir supados saget terus ELING LAN WASPADA, Tapa ngalong ingkang dipun laampahi kanthi gandulan wonten ing wit witan estunipun sedyanipun nglatih kawaspadan lan raos eling dhumateng ingkang kuwaos.
6. Panjenengan mboten kedah nglampahi TAPA LELANA menawi wonten ing kalbu panjenengan sampun tuwuh raos NARIMA ING PANDUM. Tapa lelana menika dipun lampahi kanthi ngulandara mboten angsal nedha menawi mboten dipun sukani tiyang. Mila menika estu nggladi diri supados narimah dhateng pandumipun gusti.
7. Panjenengan mboten sisah nglampahi TAPA NGRAME menawi ig kalbu panjenengan sampun tuwuh raos tresna marang sapada padaning titah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar